Berikut ini daftar kriteria orang² mediun dalam versi jowo :
1. Esuk sarapan sego pecel ngombe wedang kopi, awan mangan pecel
ngombe es cendol, bengi mangan pecel ngombe teh manis….
2. Sing perantauan, nek mudik sing digoleki sego pecel, angger balik
nyang rantau sangune lempeng entah kambek sambel pecel…
3. Plesirane nang nDungus, Sarangan utawa Ngebel… adoh-adohe nang
Popoh…
4. Nesu nek diarani turunan PKI..
5. Pelawak favorite Kirun…
6. Nek tanggal nom blanja utawa cuci mata nyang Sri Ratu…
7. Numpak angkutan umum jarene nunggang Colt, padahal gaweyan Toyota,
Daihatsu utawa Suzuki…
8. Nek kaget, aloke “Biyuh, biyuh…. jegeg menâ€
9. Ngarani bakwan jare “heciâ€, nyebut toge jare “ganteng 
10. Ketemu nyamuk gede-gede alok “jingklong saemblag-emblagâ€
11. Cilikane seneng nyolong tebu pabrik…
12. Angger numpak sepeda montor mesti Honda, contone Honda Yamaha,
Honda Suzuki, Honda Kymco….
13. Angger mbukak e-mail, isine madumongso, sambel pecel karo lempeng
puli…
14. Gendeng omahe dilabur tulisan AAPIK…
15. Milis favorite madiun-club@yahoogroups.com
